Lirik Lagu AWAKULO - Warkop Time
![]() |
AWAKULO |
[Chorus]
Pusing Mikir Kerjoan Enake Cangkruk
Pusing Durung Bayaran Enake Cangkruk
Pusing Mikir Genda'an Enake Cangkruk
Pokoke Cangkruk, Cangkruk Nang Warkop
[Friend A.M]
Nyangkruk Nang Warkop Ngombene Es Teh
Duwekku Receh, Gak Isok Pesen Akeh-Akeh
Longgo Anteng, Nyenden Karo Leyeh-Leyeh
Nyekel Hp Online, Ndeloki Sing Aneh-Aneh
Sing Penting Onok Rokok, Aku Pasti Betah
Gak Doyan Ngopi, Soale Gak Biasa
Sedal-Sedul Ijenan Koyok Pabrik Kobongan
Kerjo Melbu Bengi, Lek Awan Cangkrukan
Konco-Konco, Siji-Siji Mulai Teko
Ngejaki Guyonan Sampe Wetengku Loro
Gak Kroso, Lek Wes Sedinoan Nang Warkop
Pantes Ae Ket Mau Cangkemku Angop-Angop
[Chorus] 2x
[Daddy A]
Kejo Serabutan, Akhir Wulan Durung Gajian
Ditelpon Genda'an, Ngajak Malam Mingguan
Nasib Dadi Seniman, Mikir Golek Alasan
Timbang Tukaran, Ngaku Duwekku Pas Pasan
Batal Pacaran, Dijak Arek-Arek Jagongan
Budal Karo M.E.B Nang Warkop Cidek Prapatan
Lapo Macak Mbois, Rai Pas Pasan Kemalan
Cukup Sandalan, Jejerku Malah Mek Sarungan
Sruput Disek Kopine, Klepas Klepus Rokokan
Ngemili Gorengan, Ojok Lali Totalan
Ojok Ngersulo, Urip Ojok Digawe Susah
Prinsipe Awakulo, Sederhana Iku Mewah
[Chorus] 2x
[M.E.B]
Bengine Melekan, Isuke Tangi Awan
Mahasiswa Telatan Kuliahe Mbolosan
Gak Nang Plaza Tunjungan, Cukup Warkopan
Uripe Mangan Turu Ngising, Koyok Juragan
Liane Podo Njajan Aku Nonton Balbalan
Sing Penting M.U Menang Gak Ngurus Sing Kalahan
Disambi Moco Koran Ambek Golek Lowongan
Sarjana Sek Tas Lulus, Jelas Butuh Kerjoan
Gak Dadi Pengangguran, Wes Bosen Urip Susah
Pokoke Menghasilkan Isok Gawe Bondo Nikah
Sopo Ero Entok Jodoh, Anake Pak Lurah
Syukur Alhamdulillah Isok Ambek Raisa
[Chorus] 2x
[Goof]
Awak Wes Kesel, Tugas Akeh Gak Karuan
Ojok Males Nggarap, Mari Ngene Lulusan
Lek Wes Sumpek Lereno Golek Hiburan
Budal Karo Konco-Konco Nang Warkop Langganan
Bosen Laptopan, Ayo Mending Remian
Lek Luwe Jok Ditahan, Ndang Peseno Mie Instan
Gak Usah Wedi Larang, Engkok Isok Urunan
Jenenge Arek Sekolah, Sangune Pas Pasan
Suwi-Suwi Kok Peteng, Tibakno Wes Bengi
Mergo Kerasan Cangkruk Sembarange Dadi Lali
Ayo Podo Moleh, Mene Isuk Kudu Tangi
Nek Sampek Kebengen Engkok Aku Dikancingi
[Chorus] 4x
0 komentar:
Posting Komentar